Kamis, Februari 21, 2008

Kecopetan


Tumben sore dina kiye langite cerah, padahal winginane meh ben dina nek wayahe bali macul mesti udan. Mbuh sekedar gerimis utawane bress gede buanget mesti tetep bae ana banyu sing medun sekang langit. Ora lagi ngresula, wong jare sing berhubung karo cuaca dudu hal sing patut disesalna. sing jelas sore kiye langite lumayan cerah. Nunggu neng Cikop ya ora nganti suwe. Luragung langganan tekan, nyong lan kanca2 sing jurusan Uki-Pasar Rebo pada melu. Pancen luragung kuwe bis favorit nggo buruh2 pabrik kaya penginyongan, masalahe tarife meh separone dibanding bis sing trayek 'asli' jurusan Cikampek-(via)UKI, Purwakarta-(via)UKI utawane Subang-(via)UKI. Nah nek Luragung kuwe jurusan Cirebonan-(via)UKI. Wis murah, mlayune lewih cepet maning. Mangkate keri tapi tekan tujuan bisa lewih disit, pinter lan wani golet dalan.

Bar olih panggona, langsung ngrogoh tas, ngetokna dompet nyiapna duit nggo ongkos. Ora nana 5ewu-nan akhire olih ewu-an 5. Bar bayar trus lherrr turu tekan Cawang. Kaya biasane, uthuk-uthuk nyebrang ngenteni bis PPD 45 apa 46 tekan Menara Saidah. Medun, jog maring stasiun. Berhubung kebelet pipis dadi mapir maring toilet. arep bayar ngetokna dompet maning sekang tas, tek jukut duwit puluhan ewu abang. "Sisan karo nuker lah", pikirku, dadi nambah receh sewunan. Mlaku ngenteni sepur. Jug-jug... jug-jug... jug-jug... priiiiit, eh teeeeet..... sepure teka. Mblodos rebutan mlebu, dorong-dorongan nek perlu nyikut barang ndean. Pancen jaman siki esih ngalami uyel2an rebutan   numpak sepur.  Jyan ora menungsakna banget kok, apamaning ngarepna njagong, nggo bisa mlebu be wis sukur. neng jero wi pada dempel2an. nek arep medun ya sering kayakuwe maning pada rebutan, daripada durung sempet medun sepure wis mlayu maning.

Tekan stasiun Depok Baru, medun terus langsung nyebrang arep tuku Diapers nggo anakku. Karo mlaku neng parkiran aku njajal telpon bojoku, arep nakokna karo blanja apa maning ben sisan. Ora diangkat, mung ana suarane si Noel Letto nyanyi. Ya wis, mlaku terus. tekan ITC aku nyiapna dompet, dadi tek rogoh tas-e arep jukut dompet. Lah ndilalah, mak tratab bae.... deneng dompetku langka ya.... apa mlebune maring bagian jero, dadi tek rogoh bagian sing jero. Kok tetep ora ketemu ? Tek adul-adul tetep ora ketemu..... tek tiliki tas-e LAH LADHALAH... kok tas-e ana sing nyilet. Penjorangan banget kiye wong, njujut duweke wong kohora deleng2. Jane duwite mung 110an ewu tok, ning sing marakna nyesek neng dompet ana : SIM, STNK, KTP, Kartu Kredit 2, ATM, Kartu Shar-e, sim card fren isi 25an, kartu nama-kartu nama lan liya2ne nganti surat Gadai barang ana. padahal biasane Kartu-kartu kae tek pisah maring dompet liyane sing isi kartu2 tok, tek tinggal nang umah. Jyan pancen lagi ora beja banget.

Tek pikir2 mungkin LOA sedang Bekerja nih, kenang apa ? (bersambung.....)

--
Posting oleh  Fahmi  ke  SUKSES dan BERMANFAAT  pada  2/19/2008 10:07:00 PM  

Tidak ada komentar: