Rabu, April 16, 2008

Kecopetan - case closed


Esih kemutan nyong tau kecopetan ? Nah kecopetan sing terakhir, wis meh rong wulan (20an Februari), neng njero sepur perjalanan Cawang-Depok. Dina minggu wingi ana wong ngeterna surat2 lan kartu penting : Kartu ATM, Kartu Kredit 2bh,  KTP, SIM C (expired), Kartu Shar-e, kartu2 nama lan simcard Fren karo M3.. Lah kok gak ada STNK-ne ? wah embuh kuwe, jarena nemu nang ngisor peron Univ. Pancasila, ketutup koran2. Jare ana 3 dompet neng kono. Sing nampani sih bojoku, sementara deweke ora apal isine dadi ora takon2.

Eh... et pirang  dina ana wong ngeterna maning STNKku, mungkin wonge pada deneng cerita nemune pada bae. Nah nek kiye esih ana regane maslahe nek liya2ne kartu wis diblokir lan utawa wis digawe gantine. Lah STNK kiye siki aku dadi duwe lora, kan ora ana istilah STNK diblokir ikih. dadi siki duwe KTP karo STNK loro. Dadi kapan2 nek ketangkep merga ora duwe SIM, STNK ditahan aku bisa tenang2 bae, wong esih duwe siji maning hehe....

alhamdulillah.......

Tidak ada komentar: